Jaman
biyen ono penggede soko Mataram, Tiyang sepisanan asmanipun Mbah Sahit, kaping
kaleh asmanipun Broto Kusuma, kaping tigo asmanipun Ki ageng Mbakromo, kaping
sekawan asmanipun Dhalingan. Mbah Sahit bisa disebut Mbah Dhamarjati amargi ing
wektu iku dereng wonten lampu. Mbah Dhamarjati urip karo macan sing sikile
pincang. Mbah Dhamarjati sering nggawe geni soko kayu jati. Sakwise Mbah Dhamarjati
sedo lan dimakamke, Makame Mbah Dhamarjati di paringi jeneng makam Dhamarjati.
Mbah Broto Kusuma sering kasebut kyai
Wenang, Biyen kyai wenang diwenei penyakit bisul seng angel garinge utowo dadi
busuk. Biyen ono sendang kangge mbasuh samparane. Sawise tumbuh wit gabus ing
pinggir sendang iku akhire tempat uripe mau disebut Desa Gabus.
Mbah
Broto Kusuma nduweni setunggal anak wadon lan dijodohke kalyan Mbah Joyoboyo.
Mbah Serambi mbiyen urip karo garwane sing asmanipun Gonggomino. Omonge wong Tuban
tiang kaleh wau ndelik ing Desa Gabus. Mbah Serambi nduweni gawean dadi juru
perias pengantin. Dheweke sedo kalian garwane lan dimakamke ing ngisor wit
beringin. Nanging wit beringin iku ditegor dening Bupati Suwondo. Selang pirang
– pirang dinten Bupati Suwondo seda.
Lan
saiki dibangun Pasar Gabus. Dadi mbiyen Pasar Gabus iku ono wit beringin. Dadi
setiap wonten pengantin keturunan saking Desa Gabus kudu ngubengi Pasar Gabus
lan menei sesajen, nek mboten wenei sesajen pengantenipun saget dados edan
utowo seda.
No comments:
Post a Comment